Assalamu’alaikum wr. wb.
Alhamdulillahirobbil’alamin wassalatu wassalamu’ala asrofi anbiya’i warmulsalin wa’ala alihi wa sobhihi ajma’in ama ba’du
Para bapak, para ibu lan para
sederek sedaya ingkang minulya. Puji syukur manga tansah kita unjuaken dumateng
Allah SWT, awit sampun maringi kita sedaya kesehatan, kasarasan, iman saha
taqwa sahingga wonten ing ndalu puniko kita saged makempal manunggal wonten ing
masjid mriki saperlu Pengaosan kangge nyambut wulan suci Ramadhan. Salawat saha
salam mugi kalimpahaken dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad
SAW,keluarganipun, sahabat – sahabatipunlan penderek – penderekipun dumugi
akhiring zaman. Amin.
Para bapak, para ibu, lan para
sederek sedoyo ingkang kula hormati, sakderengipun acara wonten ing ndalu
punika kita awiti, langkung rumiyin bade kulo waosaken urutaning acara.
Acara kaping setunggal pambuko
Acara kaping kalih kalam ilahi
Acara kaping tiga Sambutan –
sambutan
Acara kaping sekawan inti
Acara kaping gansal lain – lain
Acara kaping enem panutup.
Para bapak, para ibu lan para sederek sedaya
ingkang minulya, ngancik acara kaping setunggal inggih punika pambuka. Mangga –
mangga acara wonten ing ndalu punika kita bikak sesarengan kan ti waosan
basmalah kula dereaken. Bismillahirrohmanirrohim………………………………….matur nuwun.
Acara saklajengipun inggih punika
kalam ilahi, ingkang dipun waosaken dening adik
………………………………………………………………………………………, dumateng adik…………………… kulo sumanggaaken.
Meniko wau kalam ilahi dening adik …………………………………..,
mugi – mugi amal kasaenanipun saget katampi wonten ngarsanipun Allah SWT.
Acara
saklajengipun inggih punika sambutan saking ketua panitia bulan ramadhan 1434 H
ingkang dipun slirani dening sederek ………………………………………………..
Dumateng sederek…………………………kula sumanggaaken. Menika
wae sambutan saking ketua panitia bulan Ramadan 1434 H ingkang dipun slirani
sderek ………………………….
Saklajengipun
inggih punka sambutan saking ketua takmir Masjid Al Muttaqien. Dumateng Bp.
……………………………………….. Kula sumanggaaken.
Kita
aturaken agunging panuwun dumateng ……………………………………….Ingkang sampun paring
sambutan ing dalu punika.
Para
bapak, para ibu lan poro sederek sedaya , acara saklajengipun inggih punika
acara inti. Dumateng Bp……………………………………….. kula sumanggaaken.
Menika wau pengaosan saking ………………………………mugi – mugi
kita saged mendet hikmahipun.
Para
bapak, para ibu lan para sederek sedaya ingkang kula hormati. Acara
saklajengipun pengumuman –pengumuman.
Pengumuman
meniko …………………………………………………………………………………..
Mekaten
wau pengumuman – pengumuman ing dalu puniko. Mugi – mugi andadosno ing
pamriksa.
Para
bapak, para ibu, lan para sederek sedaya ingkang minulya, acara ingkang
saklajengipun inggih punika panutup. Ananging sakderengipun acara ing dalu punika kita tutup, ing mbok
bilih kula anggenipun ndereaken acara ing dalu punika kathah klenta klentunipun
kulo nyuwun agunging pangapunten lan mangga – mangga acara ing dalu punika kita
tutup kanti waosan hamdalah. Alhamdulillahirobbi’ alamin.cekap semanten lan
kula akhiri Bilahitaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum
wr. wb.
0 komentar:
Posting Komentar
Tolong komentarnya ya