Assalamu”alaikum
Wr.Wb
Para sepuh, para pini sepuh, para bapak, para ibu lan para sederek sedaya kaum muslimin rohimakulullah. Langkung
rumiyen sumangga kita tansah ngunjuaken puji lan syukur wonten ing ngarsanipun
Allah swt, awet ingkang sampun maringi kita sedaya mapinten-pinten kenikmatan
hidayah lan taufiqipun sahingga panjenengan sedaya saged angrawuhi undangan
ing dalu menika. Sakljengipun kula minangka wakil saking panitia bulan ramadhan
tahun 1434 H, keparenga kula matur wonten ing panjenengan sedaya ing mbok bilih
wonten kekirangan saha keklentuanipun nyuwun agunging pangapunten.
Wonten ing ndalu meniko kita sampun
lumebet wonten ing bulan ramadhan tahun 1434 H, pramilo saking menika panitia
bulan ramadhan wonten ing al-muttaqien sampun budi doyo amrih suksesipun bulan
ramadhan ing tahun menika, mugi-mugi sedaya kegiatan wau saget lumampah kanti
lancar lan nambah ketaqwaan wonten ing ngarsonipun Allah swt. Saklajengipun
panitia tansah nggadai panyuwun dumateng para jamaah, bantuanipun,sae ingkang
arupi morel saha materiel, awet sakeng bantuan panjenengan sedaya panitia
ngaturaken agunging panuwun. Saklajengipun saking panitia ing mbok bilih
anggenipun nindaaken pakaryan/angayahi jejibahan wonten kekiranganipun mugi
panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dumateng kula. Saklajengipun kula gotrah panitia bulan ramadhan ngaturaken sugeng riyadi fitri sedaya lepat
nyuwun pangapunten. Cekap semanten kemawon ingkang dados atur kula.
Bilahitaufiq walhidayah.
Wassalamu’laikum
Wr.Wb
0 komentar:
Posting Komentar
Tolong komentarnya ya