Assalamu”alaikum
Wr.Wb
Para sepuh, para pini sepuh, para
bapak, para ibu lan para sederek sedaya kaum muslimin rohimakulullah. Langkung
rumiyen sumangga kita tansah ngunjuaken puji lan syukur wonten ing ngarsanipun
Allah swt, awit ingkang sampun maringi kita sedaya mapinten-pinten kenikmatan
hidayah lan taufiqipun sahingga panjenengan sedaya saget rawuh wonten ing
masjid menika saperlu sholat isya’ saha sholat tarawih. Solawat saha salam mugi
kalimpahaken dumateng nabi junjungan kita nabi agung Muhammad saw
keluarganipun, sohabat-sohabatipun lan penderek-penderekipon dumugi akhiring
jaman amin.
Saklajengipun kula minangka ketua
bulan ramadhan ing taun menika ngaturaken agunging panuwun awit bapak-bapak,
ibu-ibu lan para sederek sedaya sampun anyengkuyung kegiatan-kegiatan wonten
ing wulan ramadhan menika. Kanti lumampahipun siyam wonten ing taun menika
mugi-mugi sedaya pangibadahan ingkang sampun katindaaken kanti ikhlas ndadosno
amal ibadah saha ningkataken keimanan saha ketaqwaan wonten ing ngarsanipun
Allah swt. Saking panitia ing mbok bilih anggenipun nindaaken pakaryan wonten
ing wulan ramadhan menika kathah kalepatan saha kekiranganipun mugi para jamaah
sedaya kersa paring pangapunten dumateng kula. Minangk pungkasaning atur ing
mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatanipun menapa kirang nujuprana dumateng
penggaleh panjenenganipun saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Cekap semanten
kemawon ingkang dados atur kula. Bilahitaufiq walhidayah.
0 komentar:
Posting Komentar
Tolong komentarnya ya